Rabu, 18 Desember 2013

Wacana Prosedural (Nasi Gandul)



RESEP SAHA CARA DAMEL SEKUL GANDUL KHAS PATI
Sekul gandul inggih menika dhaharan ingkang bahan pokoipun sekul ingkang mirip kalian sekul pindang, ananging cara penyajianipun nasi gandul menika ngginakaken ron ghedang kangge alasipun. Sekul gandul menika masakan khas daerah Pati, Jawa Tengah. Masakan menika biasanipun ngginakaken jeroan sapi, ati saha rempelo sapi, lidah sapi,utawi daging sapi bahan utamanipun. Nasi gandul menika gadahi katah kolesterol ingkang inggil saha katah kandungan lemak ingkang ingging ingkang saking bahan-bahan kadosta jeroan utawi usus sapi ingkang dipunginakaken.
Cara damel sekul gandul :
Bahan-bahan ingkang dipunbetahaken:
1. 500 gram daging sapi.
2. 1 ½ liter santen cair utawi encer.
3. 1 batang serai (dipungepra).
4. 2 lembar ron salam.
5. 1 ruas lengkuas kira-kira 2 cm.
6. Minyak goreng dipunginakaken kangge menumis
.
 Bumbu ingkang dipunlembutaken:
1.      4 siung bawang abrit.
2. 4 siung bawang pethak.
3. 3 buah cabai merah keriting.
4. 3 butir kemiri sangrai.
5. ½ sdm ketumbar sangrai.
6. 1 sdt merica halus.
7. 1 sdt jintan.
8. 1 ruas kencur kira-kira 1 cm.
9. 1 ruas jahe kira-kira 1 cm.
10. 1 sdt terasi bakar.
11. garam alus secekapipun.
12. ½ sdm gula merah lajeng sisir alus.

Cara Damel :
Ø  Ingkang kapisan, daging sapi dipunresiki lajeng diiris-iris bentukipun dadu. Lajeng dipuntirisaken.
Ø  Salajengipun, panaske minyak goring lajeng tumis bumbu ingkang sampun dipunaluske sareng kalian serai, ron salam saha lengkuas. Tumis bahan-bahan kasebut saengga wangi.
Ø  Sasampunipun , rebus santen ingkang sampun dipunsiapkaken kalian potongan daging sapi saha bumbu ingkang sampun dipuntumis. Godhok kanthi umup supaya daging empuk.
Ø  Caranipun nyajikaken, nyiapkaken selembar ron pisang ingkang sampun dipunresiki lajeng dipunwenehkaken wonten ing nginggil mangkok utawi piring, salajengipun tambahke sekul lan tuangaken rebusan daging sapi kalian kuahipun. 




Tidak ada komentar:

Posting Komentar