Kober-kobere Ngopeni
pecahan kaca
Kawiwitan
buka usaha kerajinan babagan pecahan kaca, Bapak Dodik junaedi kang akrab
diundang dodik kuwi duweni ide seko gempa Yogyakarta tanggal 26 Mei 2006. Akeh
omah-omah kang kacane pecah , kepiye carane bapak kang akrab diundang bapak Dodik
mau ndadeake kaca pecahan mau dadi barang kang dueni aji ora mung dadi barang
kang dibuang ora ana gunane. Sakdurunge babagan kaca bapak iki mau wes due
usaha babagan kerajinan uga ananging ora gawe dewe namung tuku lan didol meneh
ing Bali kono. Sawise bom Bali kadadean usahane mau bubrah kabeh, deweke wedi
manggon ing Bali lan bali meneh ing tlatah asale yaiku Yogyakarta. Sawise
gulung tikar bapak Dodik madege usaha kerajinan uga nanging saka rotan lan
bambu, usaha iki mau ora payu amerga uwes okeh kerajinan kang saka barang rotan
lan bambu. mikir lan mikir pungkasane oleh ide babagan kaca kang nganti seprene
dadeake keluargane luwih saka kecukupan.
Pisanane
bapak dodi kang duweni gelar sarjana S1 Ekonomi ing Universitas Muhammadiyah
Solo mau ora duwe pikiran babagan kerajinan iki mau, dewekke kepingin dadi
uwong kang pas karo jurusane, ananging kerja melu uwong kwi dirasake jenuh karo
bapak kang duweni putra 3 iki mau, mulane kepiye carane buka usaha meneh. pakaryan
iki mau lumaku kurang lancar, eneng wae siji-sijine kang ora mantep neng ati,
endi sing ora apik motive, lan uga ana sing leme ora kraket. Nanging kekurangan
iki mau ora langsung dadeake patah semangat, barang kang dirasake kurang mantep
kuwi mau didol ing sentra kerajinan Kasongan, Bangunjiwo, Sewon, Bantul ,
Yogyakarta. Deweke nyewa kios kang ora jembar dinggo dodolan.
Liya
dina ana turis mancanegara saka India mampir ana ing kios Kasongan, turis mau
ngenei kritikan babagan kerajinan saka kaca kang kurang apek. Turis saka India
iku seneng karo ide kerajinan kang digawe bapak Dodik, miturute kerajinan iki
durung ana kang gawe lan duweni seni dhuwur. Mila, turis mau ngenei lebonan
babagan supaya kerajinan mau mantep lan sampurna.
Pemasaran
tekan Afrika Selatan.
Peamasaran
kerajinan kaca mau dikirim tekan mancanegara, rutin ngirim lan okeh pesenan
yaiku saka Afrika Selatan. Okeh wong Afrika padha seneng kerajinan iki amerga
duweni ciri khas lan warna-warna mbiyayah. Ameh saben 2 minggu pisan trek
kontenairan kirim menyang mancanegara pesenan. 2minggu pisan kirim iku luweh
saka cukup anggone panguripan. Kerajinan kaca kang duweni seni inggil lan
desain kang endah kuwi mau digawae saka Kaca salebaran kang ora duweni sifat
endah kuwi mau iso disulap dadi barang kang duweni aji dhuwur, kapisan kaca
dicat maneka warna jumbuh kaliyan pesenane, kaca mau dipepe sawise garing kaca
mau diketok cilik-cilik nganggo potongan kaca lan ditempleke nganggo lem ana
ing guci, meja, kaca rias, uwong-uwongan toko, vas kembang, kotak tisu lan
liyan-liyane barang kang duweni guna ing panguripan. Sawise ditemplekke ing
gerabah, kaca mau didempul nanggo semen lan dikosoki nganggo bio ngasi kimpling
lan siap dikirim menyang mancanegara.
Regane
bersaing
Bapak
dodik kang duweni usaha kerajinan pecahan kaca ora mung piyambake sing buka
usaha babagan iku malah sawise usaha kaca sukses okeh sing madege kerajinan
kang sami ugi. Nanging kanggone bapak dodik kwi mau ora dadi ngapa. Rejeki wis
ana sing ngatur. Kerajinan kaca nggone bapak dodik iki paling pambarep muga
kualitase uga luwih apik lan regane ya lumayan kacandak. Malah saiki bapak
dodik iso bukak lapangan pakaryan kanggo tangga tepalih kang omahe cedak saka
gudang sing madeg ing Rejodadi, Ngestiharjo, Kasihan, Bantul. Karyawan kang
ngewangi pegawenan mau jumlahe kurang luwih 50 wong. 24 tenaga harian lan 26
tenaga borongan.
Harapan
kanggo usahane iki pak
dodik nduweni pengarepan supaya usaha kerajinane iki bisa luwih maju lan bisa
terkenal ora mung nang daerah nanging uga mancanegara. Lan usahane iki bisa
nyukupi kabetahan keluargane, yen bapak dodik uwes sepuh pengarepe pak dodik
anak-anake bisa nerusakke usahane iki lan bisa luwih maju aja nganti usahane
iki mandek amarga okeh saingan-saingan. Bapak dodik uga pengen nduweni kios-kios kerajinan kaca iki ora mung
nang bali ananging uga nang Negara-negara liane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar