PRASANGKA
KESENIAN LEDHEK
Kesenian
inggih menika bagian saking budaya saha sarana ingkang dipunginakaken kangge
ekspresi rasa kaendahan ingkang wonten ing jiwa manungsa. Kajaba kangge
ekspresi rasa kaendahan saking jiwa manungsa, kesenian gadahi fungsi sanesipun.
Kadosta , mitos funsinipun nemtokaken norma kangge perilaku ingkang teratur sarta
nerusaken adat saha nilai– nilai kabudayan. Minangka Umum, kesenian saged
ngraketaken solidaritas masyarakat. Menawi seni tari inggih menika kaendahan
ekspresi jiwa manungsa ingkang dipundungkap saking wujud gerak awak ingkang
saged mujudaken kaendahan. Wonten ing Artikel menika badhe dipunrembag babagan
Tari Tayub (ledhek) ing jaman sakmenika kathah masyarakat ingkang gadahi
pikiran negative babagan Tayub. Tari Tayub inggih menika salah satunggaling
kesenian Jawi ingkang ngandut unsur kaendahan saha serasining gerak. Tarian
menika mirip kalian tarian jaipong saking Jawa Barat. Unsur kaendahan menika
saking kemampuanipun penari anggenipun nari. Tari tayub mirip kalian tari
Gambyong ingkang luwih populer saking Jawa Tengah. Tarian menika saged
dipuntanggap wonten ing adicara pawiwahan, tetakan, sarta adicara kadosta
dinten kamardikan 17 agustus. Anggota ingkang nderek wonten ing kesenian menika
wonten sinden, pengrawit sarta penari khususipun wanita. Penari tari tayub
saged dipunlakoni piyambak utawi sareng – sareng. Penari tari tayub asring
dipunkenal ledhek. Sesepuh tayub menehi artos bilih tayub menika tegesipun
ditata ben guyub, filosofi ingkang dipuntanemaken wonten ing tayub menika dados
kesenian kangge kekancan. Nilai dasaripun inggih menika sami wigatining kangge
apresiasi jiwa saha bakat seni, minangka kemampuan pengrawit utawi penarinipun.
Wonten ing perkembanganipun saged
dipunmaknai menawi tradisi menika wujud silaturahmi. Saking awalipun Tayub
inggih menika seni gambyong istana,
ingkang wonten ing perkembanganipun kedah saged dados seni rakyat, ingkang dipandang saking sisi mesumipun, saha
kualitasipun rendah. Dene waranggono kedah nglibataken penonton ngginakaken cara narik ngangem selendang supados para
penonton saged nderek nari, ananging biasanipun ingkang dipuntarik menika para
pria, amargi saweranipun katah. Saking tradisi menika katah anggapan masyarakat
ingkang negative babagan kesenian tayub. Namung saking perkembangan jaman,
kabiasaan warisan penjajah menika sampun luntur. Busana ingkang dipunginakaken
penari ing jaman sakmenika ngalami pergeseran. Menawi ing jaman rumiyin busana
ingkang dipunginakaken penari menika, biasanipun namung ngginakaken kemben.
Ananging ing jaman sakmenika sampun luwih sopan.busana ingkang dipunginakaken
kayata busana wanita adat Jawa. Kesan negativi ingkang sampun dipuntujukaken
kangge penari Tayub menika katah ingkang mboten setuju. Miturut salah satunggal
penari Tayub, dipuntingali saking busananipun penari Tayub menika luwih sopan
tinimbang penyanyi dangdut utawi campur sari. Busana penari tayub ing jaman
sakmenika sampun beda kalian penari tayub ing jaman rumiyin. Ananging para
penyanyi dangdut utawi penyanyi campursari ingkang sampun tampil wonten ing TV,
kadang taksih ngginakaken busana ingkang seksi. Para penari tayub mboten rela
menawi penari dipunomong negative. Tayub ing jaman sakmenika sampun beda kalian
ing jaman rumiyin, jaman sakmenika sampun boten wonten kebiasan ingkang negatif
kayata ing jaman rumiyin. Meski perkembanganipun wonten ing lingkungan music
modern, popularitas Tayub menika
taksih katah ingkang nanggap. Kesenian menika saged katah dipunpanggihaken
wonten ing adicara-adicara hajatan wonten ing dhusun. Perkembangan music-musik modern menika
dipunkhawatiraken saged ngilangaken kesenian Tayub, menawi mboten dipunuri-uri.
Wonten ing kabupaten Sragen wonten seniman-seniwati ingkang taksih nguri-uri
saha peduli kalian kesenian menika. saha wonten kanca ingkang sampun
nyiptakaken syair-syair gendhing pengirig kesenian tayub, ancasipun inggih
menika supados kesenian menika saged tetep lestantun. Salah satunggaling upaya
kangge nglestentunaken kesenian tayub, menawi wonten ing adicara resmi mboten
jarang kesenian tayub menika dipunpentasaken. Kesenian menika mboten saged
dipundadosaken tumpuan pagesangan, perkembangan kesenian menika mboten mati.
Ananging biasanipun kesenian Tayub menika dipunpentasaken wonten ing wayah
ndalu, saengga ing wayah siyang para group kesenian menika saged pados
penghasilan sanesipun, biasanipun pagaweanipun menika dados tani, tukang saha
wirausaha ingkang gadahi usaha cilik-cilikan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar