Bocah
Ayu, Jenenge Sasa Puspitasari Setyayuningrum
Nderek
nepangaken Nama kula Sasa Puspitasari Setyayuningrum kula lair wanci tanggal 17
Juli 1994, kula gadahi adi setunggal ingkang gadahi nama Roycho Bagas Prakoso.
Bapak saha ibu kula kompak anggenipun maringi donga kagem kula saha adi kula
inggih menika ngginakaken nama bumbu. Alhamdulillah kula taksih gadahi kalih
wong tua ingkang gemati sanget marang kula, inggih menika Bapak Jumpono kalian
Ibu Karsi Nur Cahyuni. Kula dipunrawat kalian bapak saha ibu wiwit taksih
wonten kandungan, salajengipun lair ing donya tanggal 17 juli 1994 kula
dipunrawat kanthi tresnaning ati. Kula dipunrawat wonten ing griya ingkang
gadahi alamat Jarakan, Kokosan,Prambanan,Klaten, Jawa Tengah.
Salajengipun
Mula wiwit kula sampun umur 6 tahun kula dipunsekolahaken wonten ing TK ABA
Bustanul Alfath ingkang mapan wonten ing dhusuun Taskombang, sasampunipun lulus
Tk kula nerusaken sekolah SD wonten ing MIM TASKOMBANG 6 tahun laminipun wiwit
kelas 1 dumugi kelas 6, banjur sampun lulus SD kula nerusaken sekolah wonten
ing jenjang menengah, kula sekolah SMP wonten ing SMP N 1 Manisrenggo 3 tahun
laminipun kula ngudi ngelmu wonten SMP. Sasampunipun lulus saking SMP kula
nglajengaken sekolah SMA, wonten ing sekolahan SMA N 1 PRAMBANAN, Sleman kula
lampahi 3 tahun laminipun. Sasampunipun lulus SMA kula nglajengaken wonten ing
Perguruan Tinggi Negeri ing Ngayogyakarta. Kula ngudi ngelmu sakmenika wonten
ing Universitas Negeri Yogyakata wonten ing Fakultas Bahasa dan Seni ,
jurusanipun Bahasa Jawa. Pangangen-angen kula supados kula saged ngrampungaken
sekolah wonten ing UNY menika kanthi lancar saha saged lulus kanthi gelar
sarjana saha IPK ingkang sae. Salajengipun kula gadahi kepinginan saged gawe
bungah penggalihipun wong tua ing mangsa tuwane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar