
Dolan-dolan
neng Gembiroloka
Dumadine
kadadean iki dina senen, kadadean iki ora bisa daklaleke. Dina iki sakwise
kuliah aku karo 2 kanca kenthelku yaiku tanti karo tina, dolan-dolan ana ing
Gembiroloka. Sakwise tekan ing Gembiroloka aku karo 2 kancaku mlaku-mlaku muter
ndelok kewan kang dilestarikake ana ing kono. Lagi pada mlaku ndelok-ndelok
kancaku sing jenenge tina mau dibajul karo tukang sapune Gembiroloka tapi karo
tina ora digubris. Banjur aku karo 2 kancaku mau mlaku terus karo poto-poto
saha ndelok-ndelok pemandangan ana ing kana. Sabanjur tekan ana ing papan
pertunjukan kancaku sing jenenge tanti mau njaluk kon motokke karo munyuk utawa
gorilla sing wis jinak jarene kancaku sing sijine arep madakke rupa hahaha……
Sawise
poto-poto lanjut mlaku maneh, sawise kui aku lan kanca-kancaku ana ing tempat
bermain sing dolanane isoh ditumpaki lan kui ana ne ing banyu. Kancaku sing
jenenge tina njaluk numpak bebek-bebekan. Bebek-bebekan genjot kui namung isoh
ditumpaki wong 2. Dadi tanti nunggoni tas ning pinggir aku lan tina numpak
bebek-bebekan. Mas-mase sing jogo ning arena kui pada godani tapi ora pada
digubris. Aku lan tina banjur numpak bebek-bebekan muter danau sing eneng neng
gembiroloka. Bayare 15rb tapi gur mubenge ping pisan, nanging petugase ora nguwaske
banjur aku karo tina le numpak mubenge ping 2 nganti arep menggok ora isoh dadi
gur mandek ing tengah-tengah danau kui ora isoh menggok muter, nganti pada
diwaske nganti suwi gur maju mundur bebek e ora gelem mlaku. Bareng kui aku lan
tina semangat le nggayuh bebek aku lan tina isoh mlaku maneh. Banjur wes tekan
aku karo tina mudun, trus poto-poto ssing dikon motokake mas-mase sing njogo
perahu bebek kui mau, banjur mas-mase kui mau njaluk kenalan tapi aku karo
konco-konco podo isin, banjur podo nglanjutke mlaku-mlaku. Sakwise wes kesel
mlaku-mlaku aku lan 2 kancau mau bali lan mampir ing baksonan. Saking ngelihe
anggone dolan ing Gembiroloka aku lan kanca-kanca anggone pesen kemarok.
Sakwise wes pada mangan anggone pesen kokean banjur ora podo dientekake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar