Rabu, 18 Desember 2013

News Feature



AMARGA LALI ISOH BEBAYANI
Sesepuh Dhusun ingkang asring dipunjuluki Mbah Bayan, Harjono (65), warga Desa Jarakan, Kokosan, Prambanan, Klaten  Setu (28/9) enjing. Ngonangi salah satunggaling griya tangginipun wonten kobongan. Mbah Bayan ingkang namung piyambak mangertosi kemeluse griya menika, lajeng bengok – bengok “Kobongan - kobongan”. Warga ing sakiwatengenipun menika sami kaget lajeng pada mlayu ing sumber swanten. Warga sami ndobrak lawang lan mendhet toya kangge ngleremkake geni menika. Wonten ing griya menika mboten wonten tiyang amargi keluarga ingkang gadahi griya menika sami nyambut damel. Dados wonten ing kobongan menika mboten wonten korban. Kobongan menika dereng ngantos minggah wonten sungunan (atap rumah), kobongan menika namung ngobong barang – barang ingkang wonten ing sanjerone kamar kadosta amben, kasur, lemari uga sandangan. Untungipun wonten salah satunggaling warga ingkang mangertosi kemeluse geni menika. Menawi mboten konangan geni menika sampun mrambat ing griya ingkang wonten sakiwa tengene. Sumber geni menika wonten ing salah satunggaling kamar, warga dereng mangertosi menapa penyebab kobongan menika.Miturut  Winarsih (30) ingkang biyantu anggenipun ngleremaken kobongan menika, ngira kobonganipun menika saged saking obat nyambuk bakar ugi bisa saking rokok. Ananging dereng ingkang saged mangertosi penyebab kobongan menika.                                                               
Ingkang gadahi griya menika asmanipun Mbah Arjo (67), mbah Arjo menika tinggal kalian putranipun ingkang  ragil asmanipun Agus (20). Mbah Arjo namung urip kalian putranipun ingkang ragil, amargi putra – putranipun sampun sami gadhah keluarga piyambak. Mbah Arjo menika Rondo sampun dipuntilar garwanipun 15 tahun suwene. Mbah Arjo ingkang nyambut damel dados rewang ing antawisipun 3 km saking griyanipun menika dipunjujul kalian tangginipun. Miturut Esti (27) ingkang mapak Mbah Arjo  wonten padamelan menika, Mbah Arjo menika sampun gadahi firasat badhe wangsul. Esti anggenipun matur kalian Mbah Arjo radi gugup amargi Mbah Arjo menika gadahi penyakit darah tinggi. Sasampunipun tekan griyanipun Mbah Arjo kaget, eneng opo kok omahe akeh uwong. Mbah Arjo ingkang nembe tekan menika lajeng dipunparingi penjelasan kalian Mbah Bayan. “ora sah kaged, iki mau eneng kobongan untungna aku mau ngerti kemelus ki tak kira koe masak. Tak celuki kok ora eneng uwong, ojo cilik atimu iki mau lawang mburi karo ngarep pada didobrak supaya pada bisa ngleremkake geni. Iki mau uwes pada diresiki sing kobong kasur, amben karo samdanganmu. Saiki mlebuo golekono nek menawa  kowe ndeleh duwit eneng sing ilang ora”. Banjur Mbah Arjo nyauri “injih mboten menapa – menapa lawang rusak mboten dados masalah ingkang penting menika kabeh pada slamet. Untungipun injih mboten ngantos mrambat wonten ing dalemipun tangga – tangga. Kula ngaturaken matur nuwun sanget. Salah satunggal warga wonten ingkang tanglet menapa wonten kamar menika ginakaken obat nyamuk bakar, Mbah Arjo ngendika bilih ing sabendintenan mboten pernah ginakaken obat nyamuk bakar. Amargi sampun ginakaken obat nyamuk elektrik. Warga tasih sami bingung menapa ingkang nyebabkaken kobongan menika.

Miturut Mbah Arjo menika, ingkang nyebabkaken kobongan menika saged ugi rokokipun Agus putranipun. Sebabipun saderenge mangkat makaryo Agus menika salin wonten ing kamar, saged ugi rokokipun dipunselehkaken ing pinggir ngamben lajeng kesupen ngantos nyebabkake kobongan menika. Para warga sami mbiyantu ngresiki barang – barang ingkang sami kaobong. Mbah Arjo ingkang yuswanipun sampun sepuh menika wonten ing padamelan wau anggenipun makaryo penggalihipun mboten tenang rasane grusa – grusu. Ngantos anggenipun isah – isah menika gelasipun pecah. Mbah Arjo ingkang sampun gadahi raos ingkang mboten kepenak menika lajeng ngomong kalian juraganipun menawi badhe wangsul, alesanipun badhe tindak puskesmas amargi samparanipun sakit. Saderengipun Mbah Arjo wangsul sampun wonten tiyang ingkang jujul, penggalihipun tansaya mboten tenang. Sasampunipun mangertosi menawi griyanipun wonten kobongan penggalihipun mboten tenang. Sabibar resik – resik  Mbah Arjo menika lajeng priksa wonten ing puskesmas amargi samparanipun radi sakit. Wonten ing puskesmas dokteripun sanjang menawi tensinipun inggil ngantos 180. Mbah Arjo menika asring darahipun inggil amargi gadahi penyakit darah tinggi. Para warga dereng mangertosi kanthi gamblang menapa ingkang nyebabkaken kobongan menika amargi dereng cetha penyebabipun menika wau menapa. Agus putranipun Mbah Arjo ingkang sampun wangsul anggenipun makarya menika dipuntangleti, “le opo kowe mau pas lagi salin lali ndelehke rokok neng pinngir ngamben? “.  Jawabanipun Agus menika “oo iyo lali aku mau soale selak keringan aku langsung cepet – cepet, ora kelingan nek ududku durung tak pateni”. Mbah Arjo lajeng njelasake marang Agus “esuk mau eneng kadadeyan kobongan neng omahe awakedewe, untungna eneng mbah bayan sing ngonangi, langsung tangga – tangga pada ngewangi mateni geni. Untungna wae drung nyamber munggah lan durung nyamber neng omahe tangga – tangga. Sesuk maneh yen delehake rokok kuwi ora sembarangan.”
Para warga Jarakan sakmenika sampun mangertosi penyebabipun kobongan menika saking rokok ingkang dereng mati. Dados katah ingkang sami ngeremehkaken rokok utawi tegesan rokok. Ananging rokok utawi tegesan rokok ingkang dereng mati menika saged bebayani menapa malih bilih rokok menika tibaning ing kasur utawa barang – barang ingkang gampil kaobong. Wonten salah satunggaling warga ingkang griyanipun sampingan kalian griyanipun Mbah Arjo menika ngendika, Dani (35) mulane sesuk meneh ki ora sembrana, untungna wae eneng sing nyonangi nek ora eneng sing nyonangi rakyo omahku katut kobongan. Miturut para warga ing sakiwa tengene menika, sabanjur putranipun Mbah Arjo ingkang nomer kalih menika ngantenan ana ing wulan Sura. Wonten mawon alangan kangge keluarganipun. Rumiyin sabibar ngantenan mbakyunipun menika tilar donya, lajeng sakmenika wonten kobongan. Para warga Jarakan menika ngira menawi penyebab alangan – alangan kang nimpa keluarga Mbah Arjo menika amargi putranipun nikahan wonten ing wulan Sura. Sampun kathah tangga – tangganipun ingkang meling supados mboten nikah wonten ing wulan Sura. Ananging putranipun menika ngeyel lan mboten gugu ngendikanipun sesepuh Dhusun mriku.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar