AYUMU JEBUL ORA TULUS
Jaman saiki, wong lelungan yen ora nduwe kendharaan dhewe
jan rekasa. Yen mung jarak dhekat, ing jam-jam budhale bocah-bocah sekolah
utawa pegawe mesthi kebak mencep. Malah akeh wae sing mung trima nggandhul neng
lawang sing sejatine banget mbebayani. Ning ya piye, mbok menawa timbang tekan
nggaweyan utawa sekolahan keri/telat. Mula direwangi nggandhul ya dha dilakoni.
Kaya dene bis kota sing tak tumpangi wektu kuwi, lakune
nggremet merga kakehan penumpang. Ewadene ing sadalan-dalan kenek isih
bengak-bengok tawa, mangka njeron bis wis jejel riyel.
Bis sing wis nggereng-nggereng kabotan penumpang mau,
sedhela-sedhela mandheg, saperlu ngunggahake utawa ngudhunake penumpang. Wis
jan ora ana nikmate babar pisan kanggone penumpang, sing lungguhe tansah terus
ditetel kuwi.
Sopir lan kenek sing dipikir rak mung daya-daya entuka
dhuwit akeh, ra tekan nggon mikirake kenyamanane penumpang.
Ya begjaku, dene wiwit munggah mau, aku entuk jejeran bocah
ayu. Senajan lungguhku jejer, ora bisa nyawang mat-matan, ning yen mripatku
nglirik jam ? aku kudu kepingin weruh terus bagiyan-bagiyan awake.
Wiwit saka sikil sing kuning mulus, kanthi kuku dikitek
abang getih, njur tangane, sing drijine mucuk-mucuk ri uga diabang kukune.
Eman, aku mau munggah kok ora gage kenalan.
Awit bocah mau lagi katrem maca koran, sing sajak asyik
banget. Mung rambute sing ketel njanges ireng kuwi, angger-angger nampegi raiku
kena isise angin jroning bis mau, nambahi nikmatku.
Aku bisa ngrasakake segere ganda parfum sing dienggo bocah
kuwi, cetha dudu parfum murahan sing bisa marahi neng sirah mumet.
Saking notole olehku kepingin kenal, tak bukani pitakonan
sing dheweke bisa ngalihake olehe maca.Wonten kabar ingkang hangat, mbak??,
ngono pitakonku timbang anem mundhak diarani lara gomen. Kabar pembunuhan
semakin menjadi, mas?, ngono wangsulane cekak. Bar kuwi bali maca maneh.
Wih angkuhe bocah
iki, dupeh ayu, njur jual mahal.? Pancingan pitakonan gagal, wong nyatane ora
ana tanggapan lan kawigaten. Ning dudu aku Suwarto sing kondhang gawe lakon,
yen nganti ora kasil nelukake cah ayu sing mung siji iki. Aku bali muter utek,
nganggo cara piye, supaya bocah iki gelem nggatekke aku. Bareng wis entuk bahan
gage ndak uncalake pitakonan maneh neng dheweke :
Mbak, prastawa Rano Karno kenging musibah punika sampun
mlebet koran dereng??, pitakonku serius. Kontan dheweke leren olehe maca njur
nyawang aku kanthi nanjakke karo takon :
Rano Karno bintang film kondhang punika, ta mas ? Kandha
ngono mau karo ngulungake koran sing diwaca marang aku, karo mangsuli :
Kok dereng, mas, wonten mriku dereng dipun muat,? kandhane.
Lajeng kenging musibah punapa, mas, Rano Karno ?? cah ayu
mau ndhedhes kepingin ngerti.
Dhawah saking bis mbak? wangsulanku ngglayem. Mangsoa dimot,
sebab pawarta mau ora bakal ana, awit kabeh mau mung pangreka dayaku murih bisa
kenal becik karo dheweke.
Rano Karno dhawah saking bis kota wonten pundi, mas??, bocah
mau isih ngoyak terus. Wonten Jakarta, mbak, ning kula kinten mboten badhe
kababar ing koran, amargi kedadosan punika pancen kajarag.?
Lho kok aneh, mas, kajarag kados pundi ?? Uh kena
pancinganku, jebul bocah iki akeh guneme, kemrecek kaya grontol wutah ora kena
diselani. Tiwas mau tak sengguh angkuh. Gage aku mangsuli karo ngguyu. Inggih
mbak, amargi menika rak namung nuruti skenario sinetron.? Si Dul Anak
Sekolahan? ingkang kaping kalih.? Krungu angsulanku mau, cah ayu mau kontan
njaguri pupuku, ndadekake bungahku. Wusana dheweke takon :
Mas ini kayaknya wartawan ya ?? ngono kandhane nganggo basa
cakecandhake.
Bukan?, kandhaku gedheg.
Kalau bukan wartawan, pengarang ya ??. Aku gedheg maneh,
ndadekke cah ayu kuwi ngguyu karo kandha :
Apa malah perayu, mas ?? Aku nyawang dheweke tajem. Uh jebul
ayune uleng-ulengan bocah iku. Yen ngguyu dhekik pipine, untune rintik-rintik
rapi rinengga janggut nyanthik, lan lambene ? ah, aku dadi nglameti lambeku
dhewe. Ngerti olehku nyawang nanjakke, cah ayu mau kecipuhan anggone ngendhani
panyawangku, saya nambahi gregetku. Dheweke njur kumlawe nganggo epek-epeke
nutupi raiku karo kandha :
Uwis mas, lehe mirsani, ndhak sesuk njur jeleh,? kandhane.
Epek-epek tangane tak cekel banjur tak remet-remet, cah ayu mau meneng wae mung
pitakone ndedhes terus.
Mas, mbok ngaku, penjenengan kuwi ngastane neng ngendi ??
jawabku :
Penganggur, mbak, sekaligus pelamun.? Cah ayu mau gage nyaut
:
Ta rak tenan, penjenengan mesthi, nek dudu wartawan ya
pengarang, loro-lorone Kuwi ora bisa dipisahake, mas, mbok ngaku ta !?. Sidane
aku ngaku, wong nyatane wis kepojok ora bisa menggok lan nutup-nutupi maneh :
Iya mbak, aku pancen nduwe andhil minangka skenario ing
sinetron Si Dul Anak Sekolahan? aku ngaku jujur.
Mula, mas, ra mungkin wong lagi kenal kok wis ndang nakokke
kahanane bintang film sing wis kondhang yen ora ngerti seluk beluke.? Kandhane
cah ayu rumangsa menang.
Oh iya mbak, awake dhewe rak durung kenalan ta ? Jenengku
Warto.? Kandhaku karo ngathungake tangan. Cah ayu mau nampani tanganku digegem
kenceng karo nyebut jenenge :
Ningtyas.? Sawise padha meneng-menengan sedhela aku takon :
Daleme ngendi mbak ??
Aku Semarang mas, kuliahku mbiyen neng Yogya, ning saiki wis
rampung, saiki aku reka-reka nerusake pakulinane ibu, dagang bathik adol lan
kulakan sing kerja sama karo bulikku sing neng Yogya. Nek penjenengan, mas ??
Ningtyas genti takon.
Asalku mono Sala mbak ? ah kok mbak, nek aku ngaturi Jeng
ngono piye, kersa ta ?, wong nyatane tuwa aku.?
Wis kono sak kersamu, mas, wong diundang Ning ngono wae, aku
ya gelem kok.? Kandhane polos.
Asalku Sala jeng Ning, ning rampung sekolah aku njur
ngumbara neng Jakarta, katut omku sing ngasta neng penerbitan surat kabar sing
wis bonafide, wiwit tahun sewu sangangatus sangang puluh wolu. Omku wiwit enome
pancen seneng neng jurusan jurnalistik, sing njur kersa nuntun aku neng
bidhange.?
Njur
njenengan neng Yogya iki arep tindak ngendi, mas ?, Ningtyas takon
Mung arep neng nggone kanca lawas Jeng, Yogya akeh
pakar-pakar sastra sing pinter gawe crita, jeneng-jeneng lan novele aku nganti
apal.? Wangsulanku blaka. Jeng Ningtyas sajak isih arep kepingin crita akeh,
ning embuh sidane kok kandheg sajak mangu-mangu, wusana aku sing malah takon :
Jeng, kapan awake dhewe bisa ketemu mirunggan ? Senajan lagi
wae kenal rasane kok kaya wis kekancan lawas. Sliramu baud crita lan aku
rumangsa seneng kekancan karo sliramu.? Kandhaku tulus. Ningtyas ngawaske aku
karo mesem,njur takon :
?Sing marahi seneng nggon ngendi, mas ?? Aku dadi salah
tingkah lan klicutan entuk pitakon kaya ngono kuwi. Mula wangsulanku sak
kecekele :
Sing marahi seneng ya kabeh, luwih-luwih sliramu sing
sulistya kuwi. Wiwit aku weruh sliramu munggah bis mau, atiku kok njur tansah
pingin nyawang sliramu terus. Denea sliramu pinaringan rupa ayu sing sampurna.
Iba begjane mbesuk sing kagungan ya, Jeng.? Kandhaku tulus, merga atiku pancen
kandha ngono. Ningtyas ngawaske aku mesem njur kandha :
Aku dhewe ya gumun je, mas, bareng aku wis ngobrol karo
penjenengan, atiku kok ya njur ketuwuhan rasa seneng. Ning penjenengan rak ora
ngagem guna-guna aji pengasihan, apa jaran goyang ta, mas ?, pitakone karo
nyekikik, sing njalari atiku saya gregeten kepingin nyiwel pipine sing dhekik
nggemesake kuwi.
Ning bareng aku eling neng njeron bis kabeh ndak ampah,
kanthi ora diweruhi penumpang liyane, Ningtyas ndak jiwit cilik iringan pupune.
Dheweke njingkat ning ketok yen seneng. Gandheng wis mlebu
Yogya, aku sing rumangsa durung marem ngobrol karo dheweke, aku mancing takon :
Nek sing sliramu jujug daleme bulik, njur ngendi kampunge, e
sapa ngerti aku bisa nggoleki sliramu mrana Jeng ??.
Daleme bulikku Tamansari, mas, ning penjenengan ora sah
rawuh rana, bulikku kuwi watake seneng praduga, mengko dikira0 aku cah sing
seneng kangsen-kangsenan karo priya.? Kandhane Ningtyas elik-elik kekarepanku,
kepingin nemoni dheweke. Ning sidane, dheweke njur kandha maneh :
Ngene wae pa, mas, yen penjenengan kepingin nemoni aku ??
Ningtyas meneng mikir. Gandheng atiku selak notol, gage aku ngoyak takon :
Iya wis Jeng, aku manut ketemu neng ngendi aku ndherek,
angger diparingi ancer-ancer utawa alamat sing gumathok, mengko mesthi ndak
goleki.?
Iya, mas, nek ora kleru baliku suk emben dina Kemis, dadi
aku rong ndina ana Yogya, gandheng aku dititipi ibu nebus resep, entenana wae
neng apotik ?Sumber Waras? kira-kira jam loro awan neng Jl. Wonosari, awake
dhewe ketemu ana kana. Piye ?? Ningtyas aweh keterangan.
Ngono ya becik, pokoke sapa sing teka dhisik, ngenteni.?
Bubar kandha ngono, njur gage aba sopir :
Pak sopir kiri, pak !?. Bis minggir njur mandheg, Ningtyas nyangklong
tase ngadeg njur siap arep mudhun ndak tutke kanthi mripatku sing
kamitenggengen.
Mudhune wong ayu Ningtyas, gawe growahing atiku. Atiku sing
mau kebak kembang-kembang endah, saiki dadi angluh lan pepes. Upama bocah cilik
mono, pindhane direbut dulanane, sing lagi nedheng-nedhenge disenengi. Mesthi
wae beka lan nangis.
Gandheng aku jaka sing wis diwasa, growahing atiku ndak
samudana. Isih ana saplethik pengarep-arep, yen rong ndina maneh aku bakal bisa
ketemu karo dheweke. Grayah-grayah, aku reka-reka mbukak Koran sing mau
diulungake Ningtyas marang aku. Ning ya kuwi mung ndak enggo wangun-wangun.
Wong mocoa ya ora ana sing nyanthel neng utek utawa pikiran. Sing ana mung
wewayangane wong ayu Ningtyas, sing tansah gumawang neng pardo ning netra.
Nganti bis mandheg neng Terminal Umbulharjo, aku lagi sadhar
yen wis entek rutene. Aku melu-melu penumpang liyane klunuh-klunuh mudhun
kanthi tanpa tujuan. Acaraku sakawit, sing arep nekani omahe kanca-kanca
pengarang dadi ambyar, merga tekane widadari sing ora kenyana-nyana kuwi.
Ah, pancen kok, urip mono aneh. Mula saiki aku ora nggumun,
yen ana wong sing uripe wis diprogram ? dirancang tharik-tharik, ning gagal.
Iki wae aku saka ngomah mung ngrancang tilik-tilik kancaku lawas saka sanggar
kayata : Ay. Suharyono, Krisna Miharja, Ardini Pangastuti, Rita Nuryanti, Widi
Pratiwi, Indria Siwi, sing tulisane wis sasat angger irung ngerti lan padha
disenengi.
Klitih-klitih metu saka terminal bis, aku wis ditawani
taksi, becak, sing pating craek, ning ora tak gape. Aku ngunyluk mlaku sing
tanpa tujuan, embuh mengko tekan ngendi, aku dhewe ora ngerti.
Aku pancen wis diwasa, wong umurku wis ngancik wolu likur
taun, ning aku durung tau ketaman rasa sing kaya ngene iki. Mangka sasat saben
ndina, aku srawung wong-wong ayu (para seleberitis), sing padha ngayahi main
ing sinetron sing aku melu nangani.
Apa ya ngene iki ta, sing diarani gandrung karo prawan utawa
jatuh cinta ngana kae ? Ah ? ya embuh.
Sing cetha, kabeh kekarepan sing tak gantha-gantha saka
ngomah pingin kangen-kangenan karo kanca lawas dadi ambyar. Ganti gawang-gawang
lelawane sang ayu anyar katon, sing kumantil neng telenging pikir, sing angel
ndak kipatake.
Sidane aku njur neng Suryabrantan njujuk neng daleme budheku
nak sanake ibuku. Neng kana ana mas Wawan, putrane sing isih ana S.M.A. bocahe
pinter nggitar lan nyanyi, wis pokoke serba bisa. Nyanyi apa wae bisa.
Apa maneh yen gitare disetel banjaran, njur lagune lagu-lagu
langgam utawa kroncong, jan ? neng ati bisa nganyut-anyut ? rumesep neng
sanubari. Ya iki sing bisa njur malah nggugah atiku aku daya-daya inggal cepet
kepingin ketemu Ningtyas.
Dina sepisanan aku neng nggone budheku, dikancani Wawan, aku
bisa neng Nitiprayan nggone mbak Widi Pratiwi, njur neng Pirak nggone Mas
Krisna, lan dina sing kaping pindhone, aku neng Kotagedhe nemoni mbak Ardini
sing putrane pancet lagi siji wae kuwi, durung tambah.
Gandheng wis kangsen karo Ningtyas, mula nemoni kanca-kanca
liyane ndak batalake dhisik, merga atiku selak kemrungsung. Saka nggone mbak
Ardini jam rolas, mula aku pamit budhe lan Wawan yen arep bali mulih menyang
Sala.
Aku emoh diterke tekan terminal, alasanku arep mbecak wae,
ngiras nglaras wis suwe ora numpak ecak.
Tekan ndalan gedhe aku ngawe taksi. Pamitku karo budhe
pancen mulih, ning sopir taksi tak duduhi alamat Apotik ?Sumber Waras? ing Jl.
Wonosari kok njur manthuk ngerti, mula aku gage munggah, taksi nggeblas tumuju
alamat sing tak tuduhke.
Ora suwe taksi mandheg presis neng ngarep apotik, aku banjur
mudhun. Saka kadohan ndak sawang, apotik kuwi pancen gedhe. Barang cetha kaya
pitudhuhe Ningtyas, aku banjur nyedhak, ngawaske wong-wong sing padha ana ing
kono siji-siji tak jingglengi, ning aku ora nemokke dheweke.
Bareng aku ndeleng jam tanganku pranyata lagi jam siji
seprapat, mangka kangsene rak jam loro, ateges aku sing teka luwih gasik. Aku
banjur lungguh kursi sedhiyane wong-wong sing padha antri nebus obat.
Mripatku tansah ngawasake dalan gedhe. Ora suwe ana taksi
mandheg lan ngudhunake penumpang, ? oh kuwi Ningtyas sing tak tunggu-tunggu.
Aku menyat saka lungguhku terus methukke dheweke. Bareng
weruh aku, wong ayu kuwi malah mandheg lakune, nyelehake tas gawane, aku diawe
supaya nyedhak.
Ya ampun ? gawane jeng Ningtyas gedhe tur katon yen abot.
Kandhane bareng cedhak :
Rewangi yuk, mas, iki conto daganganku batik, sing sesuk
kudu ndak setor menyang Surabaya, penjenengan mau wis suwe lehe nunggu, mas ??
Durung kok, jeng,? wangsulanku.
Apa ngene wae mas, penjenengan neng kene sedhela, aku tak
ngijolke resep, dadi ora perlu ngoyong-oyong tas iki?, kandhane jeng Ning.
Ngono ya becik, jeng?, wangsulanku. Jeng Ning terus mlebu
apotik, saka kadohan ndak sawang omong-omong sedhela karo pegawene, bar iku
njur bali marani aku karo kandha :
Mas,
obat sing dibutuhake ibu entek, sesuk wae tak golekne neng Surabaya? kandhane
santai. ?Njur iki kersane arep neng ngendi Jeng??, aku takon, mergane tak
sawang jeng Ning kok sajak riwut ora tenang.
Wis golek hotel wae, mas, neng kana bisa ngobrol karo ngaso,
merga budhalku rak kudu mengko pesawat terakhir sing jam wolu take of.?
Jeneh kok ya mulih pesawat sing budhale wengi ta, Jeng ?.
Dikengsel wae rak bisa lewat tilpun, kanggo budhal sing sesuk-esuk.? Kandhaku
aweh pamrayoga.
Ora bisa, mas, wong aku wis kebacut janji,? wangsulane
serius.
Wah urusanmu dagang kok nguras tenaga lan pikiran ta, jeng.?
Kandhaku.
Lha piye, mas wis kebacut, dhuwit lan dagangan wis ana
tangane wong-wong, penjenengan ora seneng, ta mas ??
Olehe seneng ya seneng, jeng, ning mesakake slilramu,?
wangsulanku.
Wis ayo, neng hotel ngendi lehe arep ngaso, aku tak golek
taksi,? pangajakku mbarengi tekane taksi, jeng Ning ngangkat tas sing gage tak
jaluk. Karo mlebu taksi jeng Ning aba :
Pak, teng hotel Gadhing,? taksi banjur budhal, aku wong loro
neng njeron taksi mung meneng-menengan. Jeng Ning polatane surem, ora ceria
kaya nalika ketemu aku sepisanan neng ngebis kae.
Mlebu kamar hotel wasise wong loro nyelehake tas diseleh ing
rak, Jeng Ning terus ngebrukke awake neng dhipan karo kandha :
Wis, mas, saiki awake dhewe bisa crita satutuge, dhasar iki
sing tak anti-anti.? Kandhane :
Padha, Jeng, rasane cepet-cepet gek ndang ketemu sliramu, ya
notol banget neng atiku.? Kandhaku blaka.
?Wow ? yen ngono mung padha, wiwit tepung lan weruh penjenengan
sepisanan kae aku njur piye ? ngono je, mas, karo penjenengan.? Kandhane jeng
Ning karo ngguyu sajak piye ?.
Weruh untune sing rintik-rintik lan dhekik ing pipine, aku
gage nyedhak, rasane kaya kepingin nyiwel pipi sing empuk kuwi.
Jeng Ning banjur ngiringake awake, mepet lingir dhipan
lungguhku, kaya aweh lampu ijo kanggoku, tumindak sing luwih adoh.
Lagi wae sikilku ndak angkat munggah ing kasur, jeng Ning
wis ngrangkul bangkekanku kenceng. Ndak sikep dheweke ndak tangekake, dheweke
nglendhot, sirahe diseleh ing dhadhaku kebak pasrah, karo kandha :
Mas Warto, iba bungahku yen aku bisa sesandhingan ngene iki
terus karo penjenengan, tanpa keganggu tugasku dagang sing nguras tenaga lan
pikiran iki.?
Mulane ta mulane jeng, lerena bisnismu, aja ngangsa. Pira
akehe dhuwit sing wis ana tangane wong, mengko tak ganti, kuwi rilakna !,
sliramu ngasoa !.
Masalahe ora segampang kuwi, mas.? Kandhane Ningtyas, karo
dumadakan kembeng-kembeng lan njur nrocos mripate. Atiku krasa welas banget,
saya ndak kekep kenceng ing dhadhaku karo tak ndhedes pitakonan :
Jujur jeng, apa sliramu kejiret utawa kejeglong utang ??
Jeng Ning gedheg tandha yen ora.
Lha njur ngapa sliramu kok malah nangis ??
O, mas, genea kok lagi saiki aku bisa ketemu penjenengan.?
Kandha ngono tangise saya mingsek-mingsek memelas.
Ndak elus rambute kanthi kebak soking asih, karo takonku :
Jeng, apa merga sliramu wis kaiket ing priya sing ora mbok
tresnani ?, utawa wis dirembug dadi, ning sliramu gela utawa ora seneng ? Aku
jeng mengko sing mberesi, merga aku pancen tresna banget marang sliramu. Yen
ora percaya, kapan jeng Ning saguh ndak lamar ?, ? sesuk apa suk emben, aku
saguh sowan wong tuwamu nglamar sliramu.?
Jeng Ning saya kenceng pangrukete neng awakku, kaya-kaya wis
emoh uwal.
Wis Jeng ditata atine, mengko njur critoa apa sing gawe
ribeting atimu, mengko ndak rewang-rewangi mikir, angger wae aku bisa.?
Kandhaku ngayem-ayemi.
Tenan, mas, yen penjenengan mengko wis pirsa aku satenane,
penjenengan ora bakal gela lan gedhene ninggalke aku ??, pitakone kanthi swara
nglentrih.
Ora, jeng, tresnaku iki tulus, upamoa sliramu wis keblasuk
ing donyaning bocah nakal utawa wis nate neng papan jember, yen sliramu kersa
mertobat, kapok ora bakal nglakoni maneh, aku isih bisa ngapura, lan nampa
sliramu apa anane. Kabeh tumindakmu bakal ndak lalekake?. Kandhaku tulus.
Oh ora, mas, dudu kuwi. Aku ora umuk, mas, aku iki isih
wutuh kenya, aku durung nate srawung kebablasen ngladeni priya. Senajan wis
akeh sing ngarepke aku, ning atiku durung tau kecanthol karo priya kejaba mas
Warto iki. Yen penjenengan ora percaya, mas, sarehne penjenengan wis blaka yen
tresna lan bakal ngrengkuh aku dadi garwa, saiki uga bakal ndak buktekake. Mas
yen penjenengan ngersakke mustika keprawananku, saiki uga bakal ndak caoske.
Mengko penjenengan bakal pirsa yen aku nyata-nyata isih wutuh.? Kandhane cetha.
Oh, matur nuwun jeng, jebul kleru pndakwaku. Pangapuramu wae
ya, jeng. Ha njur apa sing marahi sedih penggalihmu ?? aku ngambali takon. Jeng
Ning meneng wae, mung ngusel-uselke sirahe ing guluku, kaya njaluk pangayoman.
Nganti sawetara meneng wae. Aku ya ora wani neter pitakonan mundhak dheweke
saya bingung. Wusanane dheweke takon maneh :
Dadi penjenengan ora ngersakke, yen tak caoske mustika
ajining dhiriku, mas??
Ora, jeng, aku percaya ing kandhamu kuwi kabeh. Anggonku
bakal mbuktekake, mbesuk wae yen awake dhewe wis tinalenan ing nikah sah
jroning wengi sing sepisanan. Mung welingku, jeng, jaganen kuwi, mbesuk
ngemungna aku sing mbuka wiwaraning kori kawanitanmu kuwi.? Krungu kandhaku
mau, jeng Ning bali ngruket aku kenceng karo kandha :
Oh, mas, ya mung penjenengan priya seprana-seprene sing tak
goleki, sing bisa ndak enggo ngayom salawase.? Kandha ngono jeng Ning nyawang
aku tajem ngemu surasa jero, banjur kandhane :
Mas, olehku arep matur akeh sing dadi aboting atiku, mbesuk
wae ya yen wis bali saka Surabaya. Lakuku wae dongakna slamet tekan nggone.?
Iya, jeng, muga-muga tindakmu tansah pinaringan slamet tekan
papan tujuan,? kandhaku. Jeng Ning manthuk-manthuk isih karo gondhelan awakku
kenceng sajak eman ngeculke. Sawise mikir-mikir sedhela njur kandha :
Apa ngene wae, mas, gandheng numpak pesawat, rak mung
sedhela, aku mengko njur nyerahke conto-conto bathik dagangan kuwi karo
bayar-bayaran. Bubar kuwi wis rampung. Sesuk aku rak bisa bali mruput mrene
maneh. Piye nek penjenengan ngenteni tekaku neng hotel kene. Mengko mudhun
pesawat, aku tak tuku tiket kanggo penerbangan sing esuk dhewe. Piye,
penjenengan kersa ? Terus terang aku durung tutug mas. Sesuk aku tak crita
akeh.?
Ngono ya becik jeng, pokoke apa kersamu janji bisa aku
manut,? kandhaku.
Jeng Ning njur nyawang jam tangane, njenggirat karo kandha :
Wis jam enem mas, aku tak siap-siap adus,? ngono kandhane
karo mlayu neng kamar mandi. Rampung adus terus dandan, cekat-ceket sedhela wae
wis rampung. Aku jan gumun karo tandange jeng Ning sing sarwa cepet, ora kaya
bocah wadon sing sareh lan aleman, yen ana ngarepe pacare. Iki blas ora, bareng
wis arep budhal, jeng Ning nyedhak aku ngrangkul karo kandha :
Tenan ya, mas, aku ditunggu neng, hotel kene?, kandhane.
Iya jeng, sing ngati-ati,? ndak aras bola-ali jeng Ning sing
ayu kuwi kanthi ati sumedhot. Let sedhela, keprungu lawang dithothok saka
njaba.
Masuk,? kandhaku dhasar lawange mung diinep. Bellboy mlebu
aweh weruh, yen wis ditunggu taksi. Sepisan meneh jeng Ning tak kekep kenceng
sawise ndak wudhari, dheweke banjur mlayu tumuju taksi sing bakal nggawa
dheweke menyang bandhara, ndak tutke kanti panyawangku sing tumlawung.
Bengi aku ora bisa-bisa turu, lam-lamen citrane Ningtyas
sing ayu. Ning denea atiku rasane kok melang-melang lan kebak rasa samar ?.
Lagi bareng wis kliwat tengah wengi aku lali keturon.
Tangiku wis awan therong-therong terus adus. Awak rada krasa seger, piyama sing
tak nggo turu tak copot, ganti hem lan clana njur metu lungguhan ing njaba.
Koran anyar sing gumlethak neng meja tak saut tak iling-ilingi.
Kagetku ngluwihi krungu bledheg ing mangsa ketiga, bareng
aku weruh fotone jeng Ningtyas ukuran gedhe kapacak ing surat kabar mau. Karo
ndredheg ndak waca tulisan ing ngisore, unine :
Telah tertangkap otak sindikat perdagangan narkoba di
bandara kemarin malam, dalam perjalanannya menuju ke Bali. Di dalam tasnya
terdapat heroin setengah kg, surat-surat/KTP palsu dari beberapa kota dengan
sedhabreg nama contoh : Ida Ayu Artini, Neneng Anisah, Rr. Prabaningrum,
Ayuningtyas dan masih banyak lagi.
Sejak masuk kota Yogya sudah dikuntit oleh yang berwajib.
Diantaranya di Apotik Sumber Waras, di hotel Gading, dan akhirnya ditangkap di
bandara. Sekarang sudah diamankan di kantor polisi. Dheg ? atine Suwarto njola,
dheweke rumangsa ngancani sak awan neng hotel iki, ning blas ora ngerti. Malah
dheweke wis kober kecanthol atine. Warto gage neng kasir mbayar, lan cek out
wektu iku uga. Karo ninggalke hotel grenenge Warto : ?Oh ? Ning kowe kuwi cah
ayu, jebul ayumu ora tulus, ning tega ngrusak generasi bangsa lan penerusmu.?
TAMAT
Kaphetik
saking : http://cerkak-jawa.com/?p=7
Tidak ada komentar:
Posting Komentar