Rabu, 18 Desember 2013

Feature BALI



Pariwisata BCC

  
BCC inggih menika Bali Classic Center ingkang nyuguhkaken atraksi warisan seni budaya, menika kalebet tradisi masyarakat. Taman Rekreasi ingkang mirip ‘Bali Mini menika dipunbangun kalian pengusaha Bali inggih menika Pande Ketut Krisna alias Pande Galuh,dipunwiwiti tahun 1997 dumugi 2005 utawi mbetahaken wekdal 7th kangge mbangun BCC menika.BCC dipunbangun wonten ing lahan ingkang luasipun gangsal hektar wonten ing Banjar Nyuhkuning, Ubud. Miturut Pande Ketut Krisna, SE pembangunan BCC  sampun wiwit dipunujicoba sejak Maret 2005, ananging dibuka kangge umum 23 juli 2005. Wonten ing Taman rekreasi BCC  menika gadahi adat utawi kebiasaan bilih menawi wonten tamu ingkang badhe mlebet wonten ing BCC menika wonten ing pintu gerbang  sampun dipunsambut kalian iring – iringan tiyang Bali  saha tari – tarian bali tumuju wonten ing ruang lobi. Salajengipun para wisatawan menika lenggah wonten pendopo saha mirsani suguhan tari Sekar Jagat ingkang penarinipun wanita Bali ingkang jumlahipun kalih. Saking pendopo wisatawan menika medal kangge mirsani papan – papan tradisi ingkang wonten ing BCC menika. ingkang sepisan para peserta studi banding saking Uny menika mirsani papan miniatur proses – proses Ngaben, dipunlajengaken kangge mirsani papan arca saking sanga dewa, wonten ing mriku para wisatawan menika dipunsambut tarian “Ngelawang Barong Bangkal”. Barong Bangkal menika barong babi alas. Sasampunipun tarian menika para wisatawan saking Uny menika sami nyawer utawi maringaken arta wonten ing lambe barong. Ingkang maringi arta menika maringi arta saiklasipun. Lajeng para peserta studi banding menika dipunsambut malih kalian tabuhan gamelan kangge mirsane proses pendamelan ogoh-ogoh saderenge nyepi.
Pemandu wisata sasampunipun nerangaken babagan proses pendamelan ogoh – ogoh menika, lajeng para peserta menika dipunajak wonten ing lokasi ingkang paling wingking. Wonten ing mrika, wonten kegiatan – kegiatan ing sabendintenan para masyarakat Bali, antawisipun cara pendamelan wadah sajen. Sajen menika wosingipun wonten roti, sekar, suruh, kinang saha kapur. Ing jejeripun cara pendamelan sajen menika wonten tiyang ingkang nglakokaken wayang khas Bali. Lakon wonten wayang menika ginakaken basa campuran inggih menika basa Bali saha basa Indonesia. Wonten ing jejeripun malih wonten caranipun numbuk wos ingkang ginakaken lesung saha lumbung. Sasampunipun para peserta studi banding menika dipunajak wonten ing panggung pertunjukan. Wonten ing panggung menika para wisatawan saged amirsani tarian Topeng Lucu, Barong Singa saha Topeng Tua ingkang sedaya menika penarinipun pria, lajeng dipunpungkasi tarian Joged Bumbung ingkang penarinipun wanita ingkang jumlahipun kalih.
Penari wanita menika sami nyeraki para wisatawan kangge dipunajak nari wonten ing panggung. Salah satunggaling para wisatawan ingkang dipunajak nari inggih menika Garindra (20) miturut menika sami remen amargi saged mraktekaken langsung nderek nari tarian Joged Bumbung, sanajan mboten saged ananging nderek meriahkaken tarian menika. Miturut salah satunggal Mahasiswa Uny Sari (19) sanajan wekdalipun namung sedelok, ananging kula sampun saged tepang kalian tari-tarian bali saha tradisi masyarakat Bali menika saking kunjungan wonten ing BCC menika. sasampunipun tarian Joged Bumbung menika rampung, kegiatan wonten BCC menika sampun pungkasan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar