Minggu, 22 Desember 2013

BIOGRAFI




Bocah Ayu, Jenenge Sasa Puspitasari Setyayuningrum


Nderek nepangaken Nama kula Sasa Puspitasari Setyayuningrum kula lair wanci tanggal 17 Juli 1994, kula gadahi adi setunggal ingkang gadahi nama Roycho Bagas Prakoso. Bapak saha ibu kula kompak anggenipun maringi donga kagem kula saha adi kula inggih menika ngginakaken nama bumbu. Alhamdulillah kula taksih gadahi kalih wong tua ingkang gemati sanget marang kula, inggih menika Bapak Jumpono kalian Ibu Karsi Nur Cahyuni. Kula dipunrawat kalian bapak saha ibu wiwit taksih wonten kandungan, salajengipun lair ing donya tanggal 17 juli 1994 kula dipunrawat kanthi tresnaning ati. Kula dipunrawat wonten ing griya ingkang gadahi alamat Jarakan, Kokosan,Prambanan,Klaten, Jawa Tengah.
Salajengipun Mula wiwit kula sampun umur 6 tahun kula dipunsekolahaken wonten ing TK ABA Bustanul Alfath ingkang mapan wonten ing dhusuun Taskombang, sasampunipun lulus Tk kula nerusaken sekolah SD wonten ing MIM TASKOMBANG 6 tahun laminipun wiwit kelas 1 dumugi kelas 6, banjur sampun lulus SD kula nerusaken sekolah wonten ing jenjang menengah, kula sekolah SMP wonten ing SMP N 1 Manisrenggo 3 tahun laminipun kula ngudi ngelmu wonten SMP. Sasampunipun lulus saking SMP kula nglajengaken sekolah SMA, wonten ing sekolahan SMA N 1 PRAMBANAN, Sleman kula lampahi 3 tahun laminipun. Sasampunipun lulus SMA kula nglajengaken wonten ing Perguruan Tinggi Negeri ing Ngayogyakarta. Kula ngudi ngelmu sakmenika wonten ing Universitas Negeri Yogyakata wonten ing Fakultas Bahasa dan Seni , jurusanipun Bahasa Jawa. Pangangen-angen kula supados kula saged ngrampungaken sekolah wonten ing UNY menika kanthi lancar saha saged lulus kanthi gelar sarjana saha IPK ingkang sae. Salajengipun kula gadahi kepinginan saged gawe bungah penggalihipun wong tua ing mangsa tuwane.

Rabu, 18 Desember 2013

News Feature



AMARGA LALI ISOH BEBAYANI
Sesepuh Dhusun ingkang asring dipunjuluki Mbah Bayan, Harjono (65), warga Desa Jarakan, Kokosan, Prambanan, Klaten  Setu (28/9) enjing. Ngonangi salah satunggaling griya tangginipun wonten kobongan. Mbah Bayan ingkang namung piyambak mangertosi kemeluse griya menika, lajeng bengok – bengok “Kobongan - kobongan”. Warga ing sakiwatengenipun menika sami kaget lajeng pada mlayu ing sumber swanten. Warga sami ndobrak lawang lan mendhet toya kangge ngleremkake geni menika. Wonten ing griya menika mboten wonten tiyang amargi keluarga ingkang gadahi griya menika sami nyambut damel. Dados wonten ing kobongan menika mboten wonten korban. Kobongan menika dereng ngantos minggah wonten sungunan (atap rumah), kobongan menika namung ngobong barang – barang ingkang wonten ing sanjerone kamar kadosta amben, kasur, lemari uga sandangan. Untungipun wonten salah satunggaling warga ingkang mangertosi kemeluse geni menika. Menawi mboten konangan geni menika sampun mrambat ing griya ingkang wonten sakiwa tengene. Sumber geni menika wonten ing salah satunggaling kamar, warga dereng mangertosi menapa penyebab kobongan menika.Miturut  Winarsih (30) ingkang biyantu anggenipun ngleremaken kobongan menika, ngira kobonganipun menika saged saking obat nyambuk bakar ugi bisa saking rokok. Ananging dereng ingkang saged mangertosi penyebab kobongan menika.                                                               
Ingkang gadahi griya menika asmanipun Mbah Arjo (67), mbah Arjo menika tinggal kalian putranipun ingkang  ragil asmanipun Agus (20). Mbah Arjo namung urip kalian putranipun ingkang ragil, amargi putra – putranipun sampun sami gadhah keluarga piyambak. Mbah Arjo menika Rondo sampun dipuntilar garwanipun 15 tahun suwene. Mbah Arjo ingkang nyambut damel dados rewang ing antawisipun 3 km saking griyanipun menika dipunjujul kalian tangginipun. Miturut Esti (27) ingkang mapak Mbah Arjo  wonten padamelan menika, Mbah Arjo menika sampun gadahi firasat badhe wangsul. Esti anggenipun matur kalian Mbah Arjo radi gugup amargi Mbah Arjo menika gadahi penyakit darah tinggi. Sasampunipun tekan griyanipun Mbah Arjo kaget, eneng opo kok omahe akeh uwong. Mbah Arjo ingkang nembe tekan menika lajeng dipunparingi penjelasan kalian Mbah Bayan. “ora sah kaged, iki mau eneng kobongan untungna aku mau ngerti kemelus ki tak kira koe masak. Tak celuki kok ora eneng uwong, ojo cilik atimu iki mau lawang mburi karo ngarep pada didobrak supaya pada bisa ngleremkake geni. Iki mau uwes pada diresiki sing kobong kasur, amben karo samdanganmu. Saiki mlebuo golekono nek menawa  kowe ndeleh duwit eneng sing ilang ora”. Banjur Mbah Arjo nyauri “injih mboten menapa – menapa lawang rusak mboten dados masalah ingkang penting menika kabeh pada slamet. Untungipun injih mboten ngantos mrambat wonten ing dalemipun tangga – tangga. Kula ngaturaken matur nuwun sanget. Salah satunggal warga wonten ingkang tanglet menapa wonten kamar menika ginakaken obat nyamuk bakar, Mbah Arjo ngendika bilih ing sabendintenan mboten pernah ginakaken obat nyamuk bakar. Amargi sampun ginakaken obat nyamuk elektrik. Warga tasih sami bingung menapa ingkang nyebabkaken kobongan menika.

Miturut Mbah Arjo menika, ingkang nyebabkaken kobongan menika saged ugi rokokipun Agus putranipun. Sebabipun saderenge mangkat makaryo Agus menika salin wonten ing kamar, saged ugi rokokipun dipunselehkaken ing pinggir ngamben lajeng kesupen ngantos nyebabkake kobongan menika. Para warga sami mbiyantu ngresiki barang – barang ingkang sami kaobong. Mbah Arjo ingkang yuswanipun sampun sepuh menika wonten ing padamelan wau anggenipun makaryo penggalihipun mboten tenang rasane grusa – grusu. Ngantos anggenipun isah – isah menika gelasipun pecah. Mbah Arjo ingkang sampun gadahi raos ingkang mboten kepenak menika lajeng ngomong kalian juraganipun menawi badhe wangsul, alesanipun badhe tindak puskesmas amargi samparanipun sakit. Saderengipun Mbah Arjo wangsul sampun wonten tiyang ingkang jujul, penggalihipun tansaya mboten tenang. Sasampunipun mangertosi menawi griyanipun wonten kobongan penggalihipun mboten tenang. Sabibar resik – resik  Mbah Arjo menika lajeng priksa wonten ing puskesmas amargi samparanipun radi sakit. Wonten ing puskesmas dokteripun sanjang menawi tensinipun inggil ngantos 180. Mbah Arjo menika asring darahipun inggil amargi gadahi penyakit darah tinggi. Para warga dereng mangertosi kanthi gamblang menapa ingkang nyebabkaken kobongan menika amargi dereng cetha penyebabipun menika wau menapa. Agus putranipun Mbah Arjo ingkang sampun wangsul anggenipun makarya menika dipuntangleti, “le opo kowe mau pas lagi salin lali ndelehke rokok neng pinngir ngamben? “.  Jawabanipun Agus menika “oo iyo lali aku mau soale selak keringan aku langsung cepet – cepet, ora kelingan nek ududku durung tak pateni”. Mbah Arjo lajeng njelasake marang Agus “esuk mau eneng kadadeyan kobongan neng omahe awakedewe, untungna eneng mbah bayan sing ngonangi, langsung tangga – tangga pada ngewangi mateni geni. Untungna wae drung nyamber munggah lan durung nyamber neng omahe tangga – tangga. Sesuk maneh yen delehake rokok kuwi ora sembarangan.”
Para warga Jarakan sakmenika sampun mangertosi penyebabipun kobongan menika saking rokok ingkang dereng mati. Dados katah ingkang sami ngeremehkaken rokok utawi tegesan rokok. Ananging rokok utawi tegesan rokok ingkang dereng mati menika saged bebayani menapa malih bilih rokok menika tibaning ing kasur utawa barang – barang ingkang gampil kaobong. Wonten salah satunggaling warga ingkang griyanipun sampingan kalian griyanipun Mbah Arjo menika ngendika, Dani (35) mulane sesuk meneh ki ora sembrana, untungna wae eneng sing nyonangi nek ora eneng sing nyonangi rakyo omahku katut kobongan. Miturut para warga ing sakiwa tengene menika, sabanjur putranipun Mbah Arjo ingkang nomer kalih menika ngantenan ana ing wulan Sura. Wonten mawon alangan kangge keluarganipun. Rumiyin sabibar ngantenan mbakyunipun menika tilar donya, lajeng sakmenika wonten kobongan. Para warga Jarakan menika ngira menawi penyebab alangan – alangan kang nimpa keluarga Mbah Arjo menika amargi putranipun nikahan wonten ing wulan Sura. Sampun kathah tangga – tangganipun ingkang meling supados mboten nikah wonten ing wulan Sura. Ananging putranipun menika ngeyel lan mboten gugu ngendikanipun sesepuh Dhusun mriku.

Sraight News


AMARGA TEGESEAN ROKOK
Tegesan rokok saged bebayani marang wong okeh, katah ingkang ngremehaken rokok utawa tegesan rokok. Dipunkira rokok ingkang dibuang menika sampun mati, ananging geninipun dereng mati menika saged dados kobongan. Setu enjing (28/9) Dusun Jarakan , Kokosan, Prambanan, Klaten menika wonten salah satunggaling griya ingkang kobongan. Ananging wonten wektu kobongan menika mboten wonten tiyang ing sakjerone griya menika. Amargi ingkang gadah griya menika sami makarya. Ingkang mangertosi menawi menika kobongan inggih menika Mbah Bayan, Harjono (65) menika mangertos bilih wonten kemeluse pegul saking griyanipun Mbah Arjo (67). Mbah Bayan ingkang mangertosi menika lajeng bengok – bengok. Warga ingkang krungu bengokanipun Mbah Bayan menika langsung pada nyerak lan biyantu mendhet toya kangge ngleremkaken geni menika. sasampunipun geni menika dipunleremkaken. Geni menika sumberipun saking salah satunggaling kamar, ananging untungipun dereng ngantos mrambat minggah wonten sungunan lan dereng sami mrambat wonten ing griyanipun tangga – tangga.
Mbah Arjo ingkang gadah griya menika nembe makaryo dados rewang wonten ing dusun antawisipun 3 km saking griya. Mbah Arjo ingkang dipunjujul kalian salah satunggal tanggi menika kaget, perasaanipun boten tenang. Sasampunipun tekan griya Mbah Arjo dipunkandani bilih wau wonten kobongan ing griyanipun ingkang kaobong inggih menika kasur,amben, saha sandanganipun. Miturut Mbah Arjo sebabipun kobongan menika rokok, amargi saderengipun budal makarya putranipun Mbah Arjo ingkang ragil menika salin wonten kamar lajeng kesupen rokokipun ingkang tasih murup menika ketinggal wonten ing sanding amben. Ananging saking penjelasanipun Mbah Arjo menika dereng pasti amargi Mbah Arjo menika boten mangertosi langsung kadadean menika. Para warga injih sami tasih bingung sebabipun geni menika saking pundi. Agus (20) putranipun Mbah Arjo menika sampun wangsul saking makarya, Agus sanjang bilih wau badhe bidhal makarya dewekipun kesesa amargi keringan. Anggenipun salin klambi menika, rokok ingkang sampun diudud menika kesupen mboten diguwak. Amargi rokok menika dadosaken kobongan, untungipun wonten salah satunggaling warga ingkang mangertosi, menawi mboten wonten ingkang nyonangi menika sampun mrambabat minggah lan sampun mrambat wonten ing griyanipun tangga – tangga.

Feature BALI



Pariwisata BCC

  
BCC inggih menika Bali Classic Center ingkang nyuguhkaken atraksi warisan seni budaya, menika kalebet tradisi masyarakat. Taman Rekreasi ingkang mirip ‘Bali Mini menika dipunbangun kalian pengusaha Bali inggih menika Pande Ketut Krisna alias Pande Galuh,dipunwiwiti tahun 1997 dumugi 2005 utawi mbetahaken wekdal 7th kangge mbangun BCC menika.BCC dipunbangun wonten ing lahan ingkang luasipun gangsal hektar wonten ing Banjar Nyuhkuning, Ubud. Miturut Pande Ketut Krisna, SE pembangunan BCC  sampun wiwit dipunujicoba sejak Maret 2005, ananging dibuka kangge umum 23 juli 2005. Wonten ing Taman rekreasi BCC  menika gadahi adat utawi kebiasaan bilih menawi wonten tamu ingkang badhe mlebet wonten ing BCC menika wonten ing pintu gerbang  sampun dipunsambut kalian iring – iringan tiyang Bali  saha tari – tarian bali tumuju wonten ing ruang lobi. Salajengipun para wisatawan menika lenggah wonten pendopo saha mirsani suguhan tari Sekar Jagat ingkang penarinipun wanita Bali ingkang jumlahipun kalih. Saking pendopo wisatawan menika medal kangge mirsani papan – papan tradisi ingkang wonten ing BCC menika. ingkang sepisan para peserta studi banding saking Uny menika mirsani papan miniatur proses – proses Ngaben, dipunlajengaken kangge mirsani papan arca saking sanga dewa, wonten ing mriku para wisatawan menika dipunsambut tarian “Ngelawang Barong Bangkal”. Barong Bangkal menika barong babi alas. Sasampunipun tarian menika para wisatawan saking Uny menika sami nyawer utawi maringaken arta wonten ing lambe barong. Ingkang maringi arta menika maringi arta saiklasipun. Lajeng para peserta studi banding menika dipunsambut malih kalian tabuhan gamelan kangge mirsane proses pendamelan ogoh-ogoh saderenge nyepi.
Pemandu wisata sasampunipun nerangaken babagan proses pendamelan ogoh – ogoh menika, lajeng para peserta menika dipunajak wonten ing lokasi ingkang paling wingking. Wonten ing mrika, wonten kegiatan – kegiatan ing sabendintenan para masyarakat Bali, antawisipun cara pendamelan wadah sajen. Sajen menika wosingipun wonten roti, sekar, suruh, kinang saha kapur. Ing jejeripun cara pendamelan sajen menika wonten tiyang ingkang nglakokaken wayang khas Bali. Lakon wonten wayang menika ginakaken basa campuran inggih menika basa Bali saha basa Indonesia. Wonten ing jejeripun malih wonten caranipun numbuk wos ingkang ginakaken lesung saha lumbung. Sasampunipun para peserta studi banding menika dipunajak wonten ing panggung pertunjukan. Wonten ing panggung menika para wisatawan saged amirsani tarian Topeng Lucu, Barong Singa saha Topeng Tua ingkang sedaya menika penarinipun pria, lajeng dipunpungkasi tarian Joged Bumbung ingkang penarinipun wanita ingkang jumlahipun kalih.
Penari wanita menika sami nyeraki para wisatawan kangge dipunajak nari wonten ing panggung. Salah satunggaling para wisatawan ingkang dipunajak nari inggih menika Garindra (20) miturut menika sami remen amargi saged mraktekaken langsung nderek nari tarian Joged Bumbung, sanajan mboten saged ananging nderek meriahkaken tarian menika. Miturut salah satunggal Mahasiswa Uny Sari (19) sanajan wekdalipun namung sedelok, ananging kula sampun saged tepang kalian tari-tarian bali saha tradisi masyarakat Bali menika saking kunjungan wonten ing BCC menika. sasampunipun tarian Joged Bumbung menika rampung, kegiatan wonten BCC menika sampun pungkasan.

OPINI Singkat (Pengalaman)



PENGALAMANKU
Dolan-dolan neng Gembiroloka
Dumadine kadadean iki dina senen, kadadean iki ora bisa daklaleke. Dina iki sakwise kuliah aku karo 2 kanca kenthelku yaiku tanti karo tina, dolan-dolan ana ing Gembiroloka. Sakwise tekan ing Gembiroloka aku karo 2 kancaku mlaku-mlaku muter ndelok kewan kang dilestarikake ana ing kono. Lagi pada mlaku ndelok-ndelok kancaku sing jenenge tina mau dibajul karo tukang sapune Gembiroloka tapi karo tina ora digubris. Banjur aku karo 2 kancaku mau mlaku terus karo poto-poto saha ndelok-ndelok pemandangan ana ing kana. Sabanjur tekan ana ing papan pertunjukan kancaku sing jenenge tanti mau njaluk kon motokke karo munyuk utawa gorilla sing wis jinak jarene kancaku sing sijine arep madakke rupa hahaha……
Sawise poto-poto lanjut mlaku maneh, sawise kui aku lan kanca-kancaku ana ing tempat bermain sing dolanane isoh ditumpaki lan kui ana ne ing banyu. Kancaku sing jenenge tina njaluk numpak bebek-bebekan. Bebek-bebekan genjot kui namung isoh ditumpaki wong 2. Dadi tanti nunggoni tas ning pinggir aku lan tina numpak bebek-bebekan. Mas-mase sing jogo ning arena kui pada godani tapi ora pada digubris. Aku lan tina banjur numpak bebek-bebekan muter danau sing eneng neng gembiroloka. Bayare 15rb tapi gur mubenge ping pisan, nanging petugase ora nguwaske banjur aku karo tina le numpak mubenge ping 2 nganti arep menggok ora isoh dadi gur mandek ing tengah-tengah danau kui ora isoh menggok muter, nganti pada diwaske nganti suwi gur maju mundur bebek e ora gelem mlaku. Bareng kui aku lan tina semangat le nggayuh bebek aku lan tina isoh mlaku maneh. Banjur wes tekan aku karo tina mudun, trus poto-poto ssing dikon motokake mas-mase sing njogo perahu bebek kui mau, banjur mas-mase kui mau njaluk kenalan tapi aku karo konco-konco podo isin, banjur podo nglanjutke mlaku-mlaku. Sakwise wes kesel mlaku-mlaku aku lan 2 kancau mau bali lan mampir ing baksonan. Saking ngelihe anggone dolan ing Gembiroloka aku lan kanca-kanca anggone pesen kemarok. Sakwise wes pada mangan anggone pesen kokean banjur ora podo dientekake.